Sanajan Jaman NOW, Nanging Aja Nganti Nglalekake Basa Jawa

Dening: Fitriana Nur Ekasari,S.Pd.

Ingjaman modern kaya saiki basa Jawa saya suwe saya arep luntur. Kasunyatan iki bias dideleng saka akehe bocah-bocah saiki kang padha ora ngerti basa Jawa, mligine babagan basa krama. Akeh wong tuwa kang pada omong-omongan karo anake nganggo basa Indonesia utawa ana wong tuwa kang isin menawa arep omong-omongan karo anake nganggo basa krama. Perkara iki sing ndadekake basa Jawa saya suwe saya ilang. Wondene ing jaman kaya saiki kang serba canggih, basa Jawa kuwi wigati banget, amarga ing basa Jawa ana piwulangan babagan unggah-ungguh yen arep omong-omongan karo wong liya, mligine menawa arep guneman karo wong sing luwih tuwa. Ana bebasan :

ajini=diriskai=lqi(Ajiningdhirisakainglathi),

bebasa niku ngemu teges, yen unggah-ungguh basa Jawa ngemu surasa ngudi subasita/ tata karma tumuju ing kepribadhen kang santosa, kang bias diwujudake watak andhap asor, ngajeni wong liya adhedhasar alus rasa pangrasaningati. Tuladhane undha-usuke tembung ing basa Jawa:

NgokoKramaKramaAlus
manganmaemdhahar
turuTilemsare

Saka tabel mau bisa dideleng yen basa Jawa kuwi unik saka basa-basa liyane, amarga tembung-tembunge nduweni tingkatan, saka ngoko, krama, tekan karma alus.

Unggah-ungguh basa Jawa bias ditegesi adat sopan santun utawa tata karma nggunakake basa Jawa. Umume undha-usuke basa Jawa kuwi ana 2 yaiku:

  1. Basa ngoko : basa ngoko kuwi ana basa ngoko lugu lan basa ngoko alus
  2. Basa krama : basa karma uga anak rama lugu lan karma alus

Basa mau nduweni trep-trepan utawa panganggone dhewek-dhewek, kayata:

Ngoko lugu      : bias digunakake kanggo panggandikane wong tuwa marang bocah

Ngoko alus      : bias digunakake kanggo rerembugan wong tuwa karo wong tuwa kang wis padha kulina nanging isih ngajeni

Krama lugu     :bias digunakake kanggo wong sing lagi tetepungan anyar

Krama alus      :biasane digunakake dening bocah marang wong tuwa

Saka andharan mau, bias dimangerteni menawa basa Jawa kuwi wigati banget kanggo bocah-bocah. Pembiasaan unggah-ungguh iki bias dilakokake ing lingkungan kaluwarga, sekolah, lan masyarakat. Pembiasaan unggah-ungguh ing sekolah bias dilakokake nalika piwulangan basa Jawa ing kelas lan bias uga ing njaba kelas. Kanthi penanaman unggah-ungguh iki, dikarepake bocah-bocah bias trampil nggunakake basa ngoko lan basa krama. Kanthi keterampilan mau bocah-bocah dikarepake bias nggunakake unggah-ungguh kang trep nalika guneman karo wong liya. Saliyane kuwi unggah-ungguh iki bias numbuhake karakter ing dhiri pribadhine bocah, mligine karakter kebangsaan, cinta tanah air, komunikatif, lan peduli sosial. Kanthi karakter kang kuat mau bocah-bocah bias tumbuh dadi pribadhi kang kokoh lan mampu ngadhepi aneka warna tantangan ing era globalisasi kaya saiki.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *